Selasa, 17 April 2012

cerkak (dialihbahasakan dari cerpen berjudul sama)

Ndaru Rigen

Dening: Joko Prasetyo


Srengenge durung thukul sampurna. Amung cleret abange bae kang kaciprat ngebaki langit ing wetan. Nyingkirke sinaring rembulan lan lintang kumintang. Saka sethithik lumekuking Gunung Merapi lan Merbabu ing wetan katon cetha kalukis. Banjur nyusul Si Kembar Sindoro-Sumbing kang isih nggogok ana ing kidul. Pedhut tipis isih ngemuli lembah Sindoro. Swara-swara kewan bengi dadi sangsaya lirih, kaganti saut-sautaning kluruk pitik jago. Siji-siji manuk ing wayah esuk padha ngoceh.
Ana swara gedebuging wong playon ing sawijining galengan sawah kang kebak tanduran mbako sing wis kira-kira sadhuwure gulune wong kang ngadeg. Nembus pedhut. Sedhela-sedhela ngos-ngosan. Nanging, lintingan mbako tambah klembak menyan isih kaapit ing antarane driji tengah lan driji panunjuk. Sedhela-sedhela diserot. Bul, kebul coklat rada klawu mabur-mabur mak krempul ngetokke ambu sing banget khase. Katone wong kuwe lagi sumringah banget. Kaya-kaya ana sawijining kabar berita emboh apa sing arep dikabarake marang kabeh wong kang ditemoni.
Ananging, rasane durung ana siji bae wong sing wis tangi saka impen-impene ing turu awit bengi mau. Adheming hawa isih njarem ing balung sungsum, banget kekese. Pancen, hawa ing dhusun Parangnerasi, ing sangisore gunung Sindoro banget adheme, apamaneh ngepasi mangsa katiga ing wulan Juni tekan Agustus. Ning jare masyarakat kana, sangsaya adhem sangsaya apik hasil panene mbako mengkone.
Durung ana wong sing ditemoni wong kang playon mau. Dheweke terus mlayu tumuju dhusn Parangnerasi sing kari pirang jangkahan maneh. Dumadakan: “Kang, Kang Pardi! Arep ning endi? Mengko dhisik, to! Rungokno! Ana kabar apik.” Ora disauri. “Kang! Kaa...ng!”
Sing diundang kaya kepeksa noleh. Nanging tetep neruske mlakune. “Kang, ana kabar apik banget...” sambi menggeh-menggeh. Pardi, wong sing diundang mau mung angop. Isih ngantuk karo tetep ngudhungke sarung nganti sirahe, nahan adhem. “Kang rungokke sik, to!” Wong mau rada jengkel.
“He, esuk umun-umun, njanur gunung banget. Biasane lhak kowe isih ngorok. E...lha iki kok wes mlayu-mlayu. Ngos-ngosan. Menggeh-menggeh. Ngganggu wong bae.” Akhire Pardi nyaut.
“Ngene, Kang. Mau bengi aku ora turu ning ngomah. Nanging nang sawah. Nunggoni mbako. Nanging ora bisa turu....”
“O...alah...Nur...Nur. dhasar Nur Kuncung. Gelem-geleme turu nang sawah. Akeh lemute. Adhem. Mesti kowe dikon Man Thole, to? Ha...ha...ha...ngerti ora? Kowe ki jane mung digoblogi?” Pardi medhot omongane Nur Kuncung. Dheweke dadi ora tertarik omongane si Nur. Banjur nerusake mlakune.
“Nanging iki beda, Kang. Sumpah. Aku weruh nganggo mripatku dhewe.” Nur mlaku ngetutke Pardi. “Ana cleret geni. Saka langit. Banjur mudhun nang sawahku. Dadine sawahku padhang njimblang. Sorot geni mau sangsaya cedhak. Bentuke meh kaya rigen. Terus tiba ning tengah sawahku. Kependhem ning antarane wit-wit mbako.”
“Apa” Pardi mandheg. Kaget. “Nek kowe ora mung neka-neka utawa ngayawara, kuwe jenenge ndaru rigen. Wah, mbakomu arep payu larang. Ayo, dideleng, Nur! Nang endi tibane ndaru rigen kuwi?” Pardi dumadakan mbalik arah banjur mlayu menyang sawahe Nur Kuncung. Si Nur malah bingung nanging ora let suwe langsung ngetutke Pardi.
“Jam pira kira-kira ndaru kuwi thukul, Nur?”
“Wah, jam pira, ya? Ehm...kira-kira jam loroan bengi, lah!”
“Dadi pancen bener kandhane Man Thole. Ning kenanggapa kok aku biyen ora tau ngalami ndaru rigen? He, Nur, pirang bengi kowe wis turu nang sawah?”
“Iki ya wes genep selapan dina, Kang.”
“Memper. Aku tahun wingi lagi seminggu wis bosen, Nur. Ora tahan. Selapan dina ki padha karo limang minggu, ya? Hebat kowe, Nur.”
“O...Kang Pardi yo kecaplok omongane Kang Man, To?”
Dumadakan Nur mandheg. “Mengko dhisik, Kang! Apike Kang Pardi menyang omahe Kang Man dhisik. Ngekeki kabar. Aku mulih dhisik. Ngekeki kabar bojoku. Lha wong durung kober mulih mau.”
“Yo wis nek ngono. Mengko awake dhewe ketemu meneh ning sawah.” Wong loro kuwi banjur misah.
Tekaning ngarep omah. Nur Kuncung ndhodog lawang. Bojone mbukakake lawang. Ora kaya biasane satekane ning omah langsung ngombe kopi gaweane Jariyah, bojone, banjur mapan turu. Saiki Nur ngagetke bojone. Ora dijaluk, Nur nyrocos nyritakke kabeh sing diweruhi mau bengi.
“Sampeyan ini mbok ya eling, to, Pakne. Nek pancen mbakone dhewe diuri-uri, dirawat kanthi bener, mengkone yo mesti payu larang. Njur ora mergo ndaru rigen kuwi. Lha wong omongane si Man Thole bae kok digugu, dipercaya. Kabeh wong wis ngerti nek dhukun gendheng kae omongane ora bisa dicekel. Tukang kecis, goroh, lan ngapusi. Mung wong-wong Parangnerasi sing goblog wae sing manut Man Thole. Mbok wis lah, Pakne, sampeyan ora usah macem-macem. Dipasrahke wae marang Gusti Allah. Sing penting dhewe tetep setiyar.”
“Tapi, mbokne. Aku pancen bener weruh dhewe ndaru kuwi.”
“Alaah, kuwi tahayul”
“Wis, lah! Kowe senengane ngono. Kabeh dieyel. Mentang-mentang mbiyen wis tau nyantri. Pokoke mbokne kudu nyediani ubarampi slametan manut petunjuke Kang Man mengko. Aku lunga dhisik nang sawah.” Nur Kuncung banjur lunga metu, lali angone ngombe wedang kopi sing lagi bae digawekake bojone.
“Pakne, Paknee....!”
nang sawah wis ana Pardi lan Man Thole. Cepet-cepet Nur nyedhaki. Srengenge wis suminar ngangetke awake wong telu mau sing kadhemen. Wong telu menyat tumuju enggon sing ketiban ndaru. Teles lan rada lengket sayung uga klambine wong telu mau kagesek godhong-godhong mbako sing wis metu mingsline tur teles keno mbun esuk.
“Teng ngriki niki Kang Man. Ndarunipun pas dawah ting mriki.” Nur nuduhake enggon tibane ndaru. “Hemm.” Man Thole manthuk-manthuk kaya wong sing sarwa ngerti. Banjur ndelak-ndelok wit-witan mbako, ngemek-emek godhonge sambi ngamat-amati kanthi tliti.
“Bener, Dhik Nur. Aku mung pesen....tulung aja dicritakake marang wong-wong. Iki rahasia. Sebab akeh wong ngidham-idham sawahe ketiban ndaru rigen. Mengko wong-wong bisa meri lan drengki. Bisa-bisa padha setiyar ngilangake ajine ndaru rigen yen ngerti Dhik Nur sing entuk. Ndaru rigen kuwi ora saben wong bisa entuk. Bisa sewu banding siji. Dieling-eling kuwi!”
“Kowe yo meneng, Pardi. Wong wis kadung ngerti mau.”
“Nggih, Kang.” Jawabe wong loro meh barengan.
“Siji meneh, Dhik Nur. Kanggo njaga kasiate ndaru rigen, kudu dianakake sajen saben selapan dina. Mengko ngundang aku. Ben aku sing ngekeki dongane. Mung sega gurih, ingkung, lan jajan pasar. Kuwi wis cukup. Nah, mulai dina iki. Ngerti?”
“Nggih, nggih, Kang. Menawi perkara bab slametan beres, njenengan tenang mawon, Kang!”
“Siiip!”
***
Ora krasa wis rong wulan. Wayah panen tumeka. Wong-wong padha sibuk methik godhong mbako. Wong-wong lanang sing akeh-akehe kudhungan sarung uga nganggo topi monyet saben wengi ngrajang mbako. Dene wong wadon ana sing nggaweni pacitan lan ana sing nganjang, yaiku nata rajangan godhong mbako ning rigen-rigen sing dienggo mepe rajangan mau supaya garing. Biasane nglembur tekan esuk. Yen sore wong-wong padha ngentasi rigen-rigen banjur nata rajangan sing wis garing dilebokake ing kranjang sing digawe saka debog wit gedhang. Pokoke patlikur jam sedina sewengi ora ana desa sing sepi saka kagiatan panen mbako. Kabeh padha ngurusi mbako.
Rigen-rigen sing dinggo papan rajangan mbako kang wis ditata apik lan rapi baris ing endi enggon kang lega, nganti tekan pinggir-pinggir dalan. Montor-montor, truk, lan apa bae dienggo ngangkuti rigen-rigen mau, uga ana sing ngangkut kranjang-kranjang isi mbako garing siap diedol. Para tengkulak wira-wiri ngenyang mbako sing wis siap diedol mau. Utawa, para makelar mbako sing ngedolke mbako saka para tani mbako marang juragan utawa tengkulak mbako. Dol-tinuku mbako ning endi-endi.
     ***
“Kok namung sementen regine, Kang? Panjenengan lhak ngendika menawi mbako kula badhe pajeng awis.” Nur Kuncung ora marem marang rega sing ditawakke Man Thole.
“Aku ki lhak mung makelar, to, Dhik Nur. Dadi ya manut rega saka para tengkulak. Perkara mbako ndaru kuwi, ngene....Jan-jane mbakomu ki apik banget. Lha wong mbako ndaru rigen, je. Nanging pancen, jarene juragan Koh Liem, rega mbako lagi anjlog. Mungkin ya merga udan pirang-pirang dina wingi. Dadine mbako ora padha garing kanthi sempurna. Kuwi bae Dhik Nur isih beja, ana sing gelem ngenyang. Coba delengen tangga-tanggamu! Akeh sing ora payu.” Jawabe Man Thole mangkir.
“Nanging sajenipun mboten nate telat lan komplit, Kang.”
“Iya. Aku ngerti. Ning pesenku mesti ora dijaga. Sebab kaya-kayane ana uwong sing sakliyane aku, kowe, lan Pardi ngerti perkara ndaru rigen sing tiba ning sawahmu. Bisa bae ana sing jopa-japu, nyoba ngilangke kasiate ndaru. Bisa wae Pardi utawa Yu Jariyah, bojomu kuwi keceplosan ngandhakke marang uwong liya. Lha aku apa bisa njamin? Pokoke rega saka juragan mung semene. Terserah Dhik Nur. Arep nampa rega utawa mbakone arep tetep nganggur nang kranjang.” Man Thole ethok-ethok arep lunga.
“Nanging, Kang....”
“Kuwi nek pengen mbakomu payu.” Tetep mlaku metu saka omahe Nur.
“E...aduh, yo wis lah. Timbang ora payu....” Nur Kuncung pasrah.
       ***
Pirang wulan lumaku. Man Thole rampung anggone mbangun omah lan ngganti pit motor tuwane dadi anyar. Ewadene Nur Kuncung mung bisa nglunasi utang modhal winih lan biaya perawatan mbako mbiyen. Uga nglunasi kredhit sandhangan kanggo anak-anake ing dina riyaya wingi sing janjine arep dibayar sawise panen mbako.
Mangsa katiga tahun iki wis rampung. Disusul mangsa mbako uga rampung. Giliran mangsa rendheng teka. Nur Kuncung miwiti nggarap sawahe lan mulai nandur pari. Mulai maneh utang winih sarta biaya ngrawat tanduran parine.***
           

Ngayogyakarta, 14 April 2005
Kagem para petani mbako ing Temanggung









Tidak ada komentar:

Posting Komentar